Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:44 - Kitab Sutji

44 Nanging Gusti Yesus banjur nguwuh pangandikane: “Sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengane kang ngutus Aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:44
11 Iomraidhean Croise  

Kawicaksanan nguwuh-uwuh seru ana ing lurung-lurung, sarta nyuwara ana ing ara-ara,


Kawicaksanan rak nguwuh-uwuh, lan kapinteran rak ngetokake swarane?


Sing sapa nampani kowe, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kandhamu: Manawi Panjenengan saged. Ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”


“Sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas jenengKu, iku ateges Aku kang ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dudu Aku kang ditampani, nanging kang ngutus Aku.”


Sawuse matur mangkono tumuli nguwuh kalawan swara sora: “Lazarus, metua!”


Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakutus, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku.”


Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.


Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: “Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh.


Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan