40 “Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangreti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake.”
Punapa dene Sang Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab supaya maju perang, amrih tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satunggal lajeng munjuk makaten, satunggalipun makaten.
Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon, dene Ingsun wus mangkotake atine lan atine para abdine, supaya Ingsun nindakake pratandha-pratandha ana ing tengahe.
Nabi Musa lan Rama Harun wus padha nindakake sakehe kaelokan iku ana ngarsane Sang Prabu Pringon. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Bani Israel padha metu saka ing nagarane.
Dene Ingsun, lah Ingsun bakal muguhake atine wong Mesir, temah padha nututi wong Israel, sarta Ingsun bakal nedahake kaluhuraningSun marang Pringon sabalane, kretane sarta balane jaranan.
Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.
Mangkono Pangeran Yehuwah anggone muguhake galihe Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir itu, temah banjur nututi wong Israel, nanging wong Israel lumaku terus kalawan katuntun dening asta kang luhur.
Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.
Ewadene panggalihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temahan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah.
Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!
Awit Pangeran Yehuwah wus ndadekake kowe padha turu kepati; mripatmu – yaiku para nabi – wus kaeremake lan raimu – yaiku para wong sidik – wus dikrudhuki.
Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.
Atine bangsa iki gawenen ndableg lan kupinge sira dadekna jampeng sarta mripate gawenen merem kraket, supaya aja padha bisa ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge tuwin mangreteni kalawan atine, satemah banjur mratobat lan dadi waras.”
Sawuse mangkono Panjenengane ngandika: “Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene: Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti! Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!
He bocah-bocah kang murtad, padha balia, Ingsun bakal marekake pamurtadira.” “Lah punika kawula, kawula sami sowan ing ngarsa Paduka, amargi Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.
“He, anaking manungsa, sira iku manggon ana ing satengahing golongan kang mbalela kang ana mripate kanggo ndeleng, nanging ora ndeleng lan ana kupinge kanggo ngrungokake, nanging ora krungu, amarga iku golongan kang mbalela.
Manawa nabi iku nganti kena kabujuk lan banjur nglairake sadhengah tembung, Ingsun, Yehuwah mesthi bakal mbujuk nabi iku, sarta bakal ngayatake astaningSun nglawan marang wong iku, tuwin wong iku bakal Sunsirnakake saka ing satengahe umatingSun Israel.
“Payo padha bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, awitdene Sang Yehuwah kang nyempal-nyempal, lan kang bakal marasake kita; Panjenengane kang nggebagi kita, lan iya kang bakal mblebed kita uga.
“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun
Gusti Yesus tumuli mangsuli, pangandikane: “Kowe kang padha diparengake nyumurupi kekerane Kratoning Allah, nanging wong liyane padha kaparingan kang adhapur pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora ngreti.
Para utusan mau diuntapake dening pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nerusake lakune ngliwati tanah Fenisia lan Samaria, sadalan-dalan padha ngundhangake pamratobate wong-wong kang padha ora wanuh marang Gusti Allah. Iki banget ndadekake bungahe para sadulur ing kono.
nanging tekan ing dina iki kowe padha ora diparingi akal-budi kang kanggo mangreti utawa mripat kanggo ndeleng, apadene kuping kanggo ngrungkokake dening Sang Yehuwah.
Jalaran saka pangrehe Sang Yehuwah, atine wong mau pada diwangkotake, temah padha perang nglawan wong Israel, amrih pada katumpes, ora diwelasi, nanging pada disirnakake, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.