Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:38 - Kitab Sutji

38 supaya kayektenana pamedhar wangsite Nabi Yesaya, mangkene: “Dhuh, Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula? Punapa dene sinten ingkang kawedharan asta panguwaosing Pangeran?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:38
24 Iomraidhean Croise  

Marga saka iku Sang Prabu Hizkia lan Nabi Yesaya bin Amos banjur ndedonga lan sesambat marang ing swarga.


Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.


Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak, pangluwaran peparingingSun bakal teka, sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos; pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun, padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun.


Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan, dhuh astanipun Pangeran Yehuwah! Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina, ing jamanipun para leluhur kala rumiyin! Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab, ingkang nyuduk naga ngantos pejah?


Sapa kang ngandel marang pawarta kang padha dakrungu, lan sapa kang kawedharan astaning Yehuwah kang kwaos iku?


Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe:


Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.


Sawise kasalib, pangagemane dibage-bage sarana kaundhi.


Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,


Marga saka iku mulane wong-wong padha ora pracaya, jalaran Nabi Yesaya wus ngandika uga mangkene:


Nanging kang mangkono iku supaya kayektenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.


Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana wiraosing Kitab Suci.


Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci: Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu.” Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.


Ananging ora kabeh wong padha nampani pawarta becik iku mau. Sabab Nabi Yesaya munjuk mangkene: “Dhuh Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?”


Lan kalawan kendel Nabi Yesaya ngandika: “Ingsun wus ditemu dening wong kang padha ora ngupaya Ingsun. Ingsun wus ngatingal marang wong-wong kang ora nakokake Ingsun.”


nanging tumrap para kang katimbalan, wonga Yahudi, wonga kang dudu wong Yahudi, Sang Kristus iku dadi kakiyataning Allah lan kawicaksananing Allah.


kepareng mbabarake Kang Putra ana ing aku, supaya aku martakake Panjenengane ana ing antarane bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi, aku ora njaluk tetimbanganing manungsa;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan