Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:35 - Kitab Sutji

35 Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:35
27 Iomraidhean Croise  

Dalane wong duraka iku kaya pepeteng, padha ora sumurup apa kang marakake kesandhung.


He golongan tedhake Rama Yakub ayo kita padha lumaku ing pepadhange Sang Yehuwah!


Mulane dalan kang diambah para wong iku bakal kaya dalan kang lunyu; ana ing petengan bakal padha kesandhung lan tiba ana ing kono, amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai tumrap para wong iku ing sajroning taun nalika padha kaukum. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Ana wong kang mangsuli: “Gusti Yesus Nasarani langkung.”


Nanging manawa wong lumaku ing wayah bengi, mesthi kesandhung, amarga ora kadunungan padhang.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthi ora kesandhung, marga ndeleng padhange jagad iki.


Mumpung kowe padha kanggonan pepadhang, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowe padha dadia ahlining pepadhang.” Sawuse ngandika mangkono, Gusti Yesus tumuli tindak asingidan.


Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.


“Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora padha ndeleng marang Aku. Lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh.”


Gusti Yesus banjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku.


Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”


Nanging budine wong-wong iku wus padha dadi kethul, sabab nganti ing dina iki tutup iku mau isih tetep nutupi wong-wong mau, pamacaning prajanjian lawas tanpa kaungkapan, marga mung Sang Kristus piyambak kang bisa ngicali tutup iku.


Awit saka iku, mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.


Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan