Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:34 - Kitab Sutji

34 Wong akeh tumuli mangsuli: “Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:34
26 Iomraidhean Croise  

Iya iku kang bakal yasa dalem kagem asmaningSun lan Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajane ing salawas-lawase.


Pangeran Yehuwah sampun supaos, sarta badhe boten keduwung: “Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase manut tatanane Melkisedhek.”


Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar, sarta tentrem rahayu sageda luber, ngantos rembulan sampun boten wonten malih.


Sawuse katahan lan kaukum Panjenengane nuli kaluwaran, lan sapa kang mikir marang nasibe? Panjenengane sanyata wus kapethal saka ing nagarane para wong urip, tuwin marga saka pambalelaning umatingSun Panjenengane kena ing ipat-ipat.


Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub, lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.


Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.


Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.


Kang pincang bakal Sundadekake lajering turun lan kang katundhung dadi bangsa kang santosa, apadene Pangeran Yehuwah bakal jumeneng dadi ratune ana ing gunung Sion, wiwit samengko nganti ing salawas-lawase.


Bareng Gusti Yesus rawuh ing laladan Kaesarea Filipi, banjur ndangu marang para sakabate: “Kandhane wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?”


Nalika Panjenengane lumebet ing Yerusalem, wong sakutha kabeh padha horeg, lan padha ngucap: “Sapa ta wong iki?”


Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”


Gusti Yesus mangsuli: “Ing Toretmu apa ora katulisan mangkene: Ingsun wus ngandika: Sira kabeh iku allah.


dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku.”


Nanging kang mangkono iku supaya kayektenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.


Kang iku Gusti Yesus ngandika: “Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.


Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.


Dadine padha kaya panerak siji nekakake paukuman marang wong kabeh, mangkono uga tumindaking kabeneran siji, njalari wong kabeh padha kabenerake dadi lan uripe.


Nanging, sarehne Panjenengane tetep jumeneng salawas-lawase, kaimamane ora bisa lumengser marang wong liya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan