Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:32 - Kitab Sutji

32 dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:32
23 Iomraidhean Croise  

Dumadakan Pangeran Absalom kepregok karo balane Sang Prabu Dawud. Anadene Pangeran Absalom nitih bihal, nalika bihal iku liwat ing sangisore bebuletaning pang wit tarbantin kang gedhe, mustakane kecantol ing wit ela iku, temah genteyongan ana ing antarane langit lan bumi, mangka bihal kang dititihi mbedhal terus.


Kawula mugi Paduka gendeng ing pengkeran Paduka, sumangga sami enggal-enggal tindak! Sang Prabu wus mbekta aku menyang ing jero kadhatone. Kawula sami badhe surak-surak lan sukarena margi saking Paduka, kawula sami badhe ngalembana sih Paduka ingkang ngungkuli anggur! Sampun samesthinipun sami tresna dhumateng Paduka!


Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.


“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”


Sungendeng kalawan talining kasetyaan, iya kalawan tetalenaning katresnan. Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange, Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan.


Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.


Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.


Wong akeh tumuli mangsuli: “Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?”


Kang mangkono iku supaya kayektenana pangandikane Gusti Yesus, kang dipangandikakake kagem mratelakake kapriye patrap bakal sedane.


Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.


Kayadene Nabi Musa anggone manjer rerekan ula ana ing ara-ara-samun, iya mangkono uga Putrane Manungsa anggone pinesthi kapanjer,


Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba manawa digendeng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman.


Kang iku Gusti Yesus ngandika: “Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


kang wus masrahake sarirane minangka panebus kanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksen ing wektu kang wus pinasthi.


Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.


Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,


Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.


Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan