Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”
Anadene mungguh paukuman mau mangkene: Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang, amarga panggawe-panggawene ala.
supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.
Ana ing ngendi wong kang wasis? Ana ing ngendi ahli Toret? Ana ing ngendi juru bantah ing jaman iki? Gusti Allah rak wis ndadekake kawasisane jagad iki dadi kabodhoan?
Awit sarehne jagad sajroning kawicaksanane Gusti Allah ora wanuh marang Panjenengane kalawan kawasisane, mulane wus dadi keparenge Gusti Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya marga saka kabodhoaning pakabaran Injil.
yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.
awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.
Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane Panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panjenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati;
Sapa kang tetep tumindak dosa, iku asale saka Iblis. Awitdene Iblis iku anggone gawe dosa wus wiwit-wiwitan mula. Anggone Putraning Allah nglairake sarira iku, iya prelu nglebur panggawening Iblis iki.
He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.