YOKANAN 12:27 - Kitab Sutji27 Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki. Faic an caibideil |
Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”