YOKANAN 12:26 - Kitab Sutji26 Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama. Faic an caibideil |
Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.
Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.