24 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake woh akeh.
Nagari mugi kaluberana taneman gandum, ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking pareden; wohipun kajengipun mekar kados ing Libanon, wewulenipun samia mekar kados rumput ing bumi.
Apa wong anggone ngrontogi iku gandume digebugi nganti ajur? Mesthi ora, ora terus bae digebugi nganti ajur! Lan sanadyan wong nglakokake ing dhuwure gandum mau jantrane grobag kalawan jarane, nanging anggone nggiles ora bakal nganti ajur.