YOKANAN 12:23 - Kitab Sutji23 Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake. Faic an caibideil |
Sanyata Ingsun kang dianti-anti dening pulo-pulo kang adoh; kapal-kapal ing Tarsis padha lumaku ana ing ngarep, padha nggawa anak-anakira lanang saka ing adoh, sarta momot salaka lan emas, kagem asmaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira lan marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allnahe Israel, sabab Panjenengane paring kalulhuran marang sira.
Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.