Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.
Para wong Farisi banjur padha sapocapan: “Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetut-buri Dheweke.”
Wong-wong Yahudi tumuli padha sapocapan: “Menyang ngendi ta parane wong kuwi, dene nganti aku ora padha bisa nemokake? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ana ing antarane wong Yunani, arep memulang wong Yunani?
Ana ing Ikonium rasul karone iya lumebet ing papan-pangibadah wong Yahudi lan memulang, satemah wong Yahudi lan wong Yunani akeh kang padha manjing pracaya.
Rasul Paulus uga rawuh ing kutha Derbe lan Listra. Ing kono ana sawijining siswa jenenge Timoteus, embokne wong Yahudi kang wus manjing pracaya, dene bapakne wong Yunani.
Ana sawatara panunggalane wong-wong mau kang padha yakin lan banjur manunggal karo Rasul Paulus lan Silas sarta iya uga ana wong Yunani sawatara akeh kang padha bekti ing Allah, lan uga para wanita bangsa luhur ora sathithik.
aku tansah ngyakinake marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobata marang Gusti Allah sarta padha pracayaa marang Gusti kita Yesus Kristus.
karo nguwuh-uwuh: “He, wong-wong Israel, tulung! Iki wonge sing ana ing ngendi-endi mulang marang wong-wong supaya nglawan bangsa kita lan angger-anggering Toret sarta panggonan iki! Lan saikine dheweke ngajak wong-wong Yunani lumebu ing Padaleman Suci lan najisake panggonan suci iki!”
Tumuli ana wong Etiopia, sawijining priyagung panjaga kaputren, kapala juru gedhonge Sri Kandhake, nata putri ing nagara Etiopia, kang tindak menyang Yerusalem prelu nindakake pangibadah.
Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.
Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bedane. Ujer Gusti Allah mung siji, kang dadi Gustine wong kabeh, sarta luber kadarmane marang sadhengah wong kang padha nyebut marang Panjenengane.
Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.
ing kono wus ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong ikutan, wong Barbar utawa won Skit, batur tukon utawa mardika, nanging Gusti Kristus iku kang ngabehi lan ana ing samubarang kabeh.