Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:2 - Kitab Sutji

2 Ana ing kono Panjenengane kasugata dhahar lan Marta ngladeni, dene Lazarus iku panunggalane kang ndherek kembulan karo Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:2
12 Iomraidhean Croise  

– He angin lor, he angin kidul, tangia lan mrenea, midida ing pakebonanku supaya gandane anggi-anggi ngambar! Muga-muga kekasihku rawuha ing pakebonane lan dhahar woh-wohan kang enak.


Nalika Gusti Yesus ana ing Betania, ana ing omahe Simon Budhug,


Ing nalika Gusti Yesus ana ing desa Betania, ana ing omahe Simon Budhug lan pinuju dhahar, ana wong wadon kang marak karo nggawa gendul watu isi lenga jebad nared tulen, kang akeh ajine. Gendule nuli dipecah, lengane banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus.


Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.


Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.


Amarga sapa ta kang luwih dhuwur: kang linggih mangan, apa kang ngladeni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing tengah-tengahmu kayadene kang ngladeni.


Lewi tumuli nganakake bujana gedhe kagem Panjenengane ana ing omahe lan akeh juru-mupu-beya lan wong-wong liyane kang padha melu ngepung.


Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan