19 Para wong Farisi banjur padha sapocapan: “Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetut-buri Dheweke.”
Ewadene bareng para pangareping imam lan para ahli Toret padha weruh mukjijat kang ditindakake sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci: “Hosana konjuk ing Putranipun Sang Prabu Dawud!”, atine jengkel banget,
supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitadosa, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.
Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.”
Nanging bareng padha ora ketemu, Yason lan sadulur sawatara padha diglandhang menyang ing ngarsane para panggedhening kutha, kalawan nguwuh: “Tiyang-tiyang ingkang sami sampun nggegeraken jagad sadaya punika ugi sampun sami dumugi ing ngriki