Bareng cedhak karo kutha Yerusalem, ana ing dalan kang mudhun saka ing gunung Zaitun, kabeh para siswa kang ndherekake tindake padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Gusti Allah kanthi swara sora marga saka anane mukjijat-mukjijat, kang wis padha dideleng.
Para wong Farisi banjur padha sapocapan: “Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetut-buri Dheweke.”
Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.
Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.