Sang Prabu banjur ndangu marang Ziba: “Kepriye karepira iki?” Ature Ziba: “Kuldi-kuldi punika kangge titihanipun para garwa putra dalem; roti lan woh-wohan punika kangge tedhanipun para abdi lan anggur punika kangge omben-ombenipun tiyang-tiyang ingkang kasayahen wonten ing pasamunan.”
nuli padha dipangandikani mangkene: “Para abdine gustimu padha gawanen, putraku Suleman tunggangna ing bihal titihanku dhewe, banjur gawanen menyang ing Gihon.
Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel! Iya Ingsun iki kang mitulungi sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
Amarga iki kang wus kaundhangake dening Pangeran Yehuwah nganti tekan ing poncoting bumi! Wartakna marang putri Sion: Lah karahayonmu teka; lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha bareng kalawan Panjenengane, sarta kang wus dadi kagungane iku padha lumaku ana ing ngarsane.
Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus, he, tenggere putri ing Sion, sira bakal katekanan lan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik, yaiku keprabone putri ing Yerusalem.
He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.
Ratu iku aja nganti ngingu jaran akeh-akeh lan aja mbalekake bangsa iku menyang ing tanah Mesir supaya oleh jaran akeh, awitdene wus ana dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe: Ing tembe sira aja bali ngliwati dalan iki maneh.
Panjenengane kagungan putra kakung patang puluh lan wayahe kakung telung puluh, kang padha nitih kuldi lanang. Anggone ngereh bangsa Israel lawase wolung taun.