Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 12:13 - Kitab Sutji

13 wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli metu padha methukake Panjenengane, kambi surak-surak: “Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 12:13
19 Iomraidhean Croise  

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel, Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan, ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.


Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.


Ing dinane kapisan sira goleka woh-wohan kang becik-becik, papah-papah kurma, apadene carang-carange wit-witan kang ngrembuyung sarta wit gandarasa lan padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Allahira, pitung dina lawase.


Pangeran Yehuwah wus nyingkirake paukuman marang kowe, wus nyirnakake mungsuhmu. Ratune Israel, yaiku Pangeran Yehuwah, iku ana ing tengahmu, kowe ora bakal wedi marang kasangsaran maneh.


Lan Aku kandha marang kowe: Wiwit saiki kowe ora bakal padha ndeleng Aku maneh, nganti kowe padha kandha: Binerkahana Ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran.”


“Bisa nulungi wong liya, kok ora bisa nulungi awake dhewe! Iku Ratu Israel? Cikben mudhun saka ing salib, banjur aku kabeh bakal pracaya.


Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”


Gusti Yesus banjur manggih kuldi isih belo, tumuli dititihi, nocogi kang katulisan mangkene:


“He, putri Sion, sira aja wedi, lah, tontonen Ratunira rawuh, nitih beloning kuldi.”


Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.”


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Anadene jubahe, lan wentise tinulisan asma: “Ratune para ratu lan Gustine para gusti.”


Sawuse mangkono aku weruh: lah ana golonganing wong akeh kang cacahe tanpa wilangan, saka sakehing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ing sangarepe dhampar lan ing ngarsane Sang Cempe, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong kurma.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan