Kawula sumerep, bilih Paduka tansah nyembadani dhateng Kawula. Nanging unjuk Kawula makaten punika margi tiyang kathah sami ngrubung Kawula, supados sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.”
Manawi makaten punika dipun uja, mesthi sadaya tiyang sami pitados dhateng Piyambakipun, sarta kita lajeng sami kalurugan tiyang Rum sami ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita pisan.”
Suprandene akeh uga para panggedhe kang padha pracaya marang Gusti Yesus, nanging marga saka para wong Farisi, pracayane mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti disebratake.
Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki?”
Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akeh iku, banget panas atine lan padha madoni apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus kalawan ngala-ala.