9 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthi ora kesandhung, marga ndeleng padhange jagad iki.
Tekane wong-wong iku kambi nangis, Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur; Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung; amarga Ingsun wus dadi ramane Israel, dene Efraim iku putraningSun pembayun.
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.