Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 11:55 - Kitab Sutji

55 Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akeh kang padha menyang ing Yerusalem, arep padha sesuci, sadurunge Paskah iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 11:55
30 Iomraidhean Croise  

Yakub banjur celathu marang brayate lan sakalerehane kabeh: “Padha singkirna sakehe brahala kang ana ing tengahmu, sesucia lan salina sandhangan!


Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.


Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha bilih boten kalepatan, saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah,


Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane.


“Sira ndhawuhana marang wong Israel mangkene: Manawa ana wong panunggalanira utawa turunira kang najis marga saka jisim, utawa sajrone lelungan adoh, iku iya kudu ngriyayakake Paskah konjuk marang Sang Yehuwah.


Nalika samana ana wong sawatara kang najis marga saka wong mati, temahan padha ora bisa melu ngriyayakake Paskah ing dina iku, mulane padha seba ing ngarsane Nabi Musa lan Imam Harun bareng sadina iku uga,


Sawise Gusti Yesus mungkasi piwulange mau, banjur ngandika marang para sakabate:


“Kowe padha sumurup, yen kurang rong dina wis riyaya Paskah, dene Putraning Manungsa bakal kaulungake supaya kasalib.”


Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan bisane nyekel lan nyedani Gusti Yesus kalawan paekan


Nalika samana wis ngarepake riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah.


Nalika Paskah kurang nem dina, Gusti Yesus rawuh ing Betania panggonane Lazarus kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.


Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.


Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.


Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem.


Ing kono ana genthong watu wadhah banyu nenem, sadhiyan kanggo sesuci manut adate wong Yahudi, isine saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing.


Sawuse mangkono, kabener ana riyayane wong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak menyang ing Yerusalem.


Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi.


Punika kula aturi ngajak sesarengan sesuci, sarta kula aturi nyanggi wragadipun, supados sami saged cukur rambut. Margi saking makaten, tiyang sami badhe saged sumerep, bilih sadaya pawartos bab panjenengan ingkang sami dipun pireng punika boten nyata babar pisan saha bilih panjenengan lestantun netepi angger-anggering Toret.


Ing dina candhake Rasul Paulus banjur ngajak wong-wong mau lan sawise sesuci bebarenga, nuli padha lumebu ing Padaleman Suci sarta pratela, yen pundhate dina pasucene iku besuk samasa kurbane sawiji-wijine wus kasaosake.


Nalika kula saweg nindakaken punika sadaya, wonten tiyang Yahudi sawatawis ingkang dhateng saking tanah Asia, sami nrenjuhi kula wonten ing Padaleman Suci, sasampunipun kula nucekaken badan kula, boten kaliyan tiyang kathah utawi boten nuwuhaken pageger.


Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lagi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku.


Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.


Wangsulane Nabi Samuel: “Iya mangkono! Tekaku iki arep saos kurban marang Sang Yehuwah. Padha sesucia lan nekanana upacara saos kurban iki karo aku.” Nabi Samuel banjur nucekake Isai dalah anak-anake lanang sarta ngulemi wong-wong iku marang ing upacara saos kurban mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan