Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 11:54 - Kitab Sutji

54 Marga saka iku Gusti Yesus wus ora ngedheng maneh ana ing antarane wong-wong Yahudi, sarta banjur tedhak saka ing kono menyang tanah sacedhake pasamunan njujug ing kutha kang aran Efraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabate.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 11:54
9 Iomraidhean Croise  

Sawuse kelakon rong taun, Pangeran Absalom nganakake pahargyan mbathili wedhus-wedhuse ana ing Baal-Hazor, ing sacedhake kutha Efraim. Pangeran Absalom ngulemi para putrane Sang Prabu kabeh.


Sang Prabu Yerobeam kabujeng dening Sang Prabu Abia sarta kuthane karebut sawetara yaiku Betel lan sawewengkone, Yesana lan sawewengkone sarta Efron lan sawewengkone.


Gusti Yesus tumuli tindak menyang ing sabrange bengawan Yarden maneh, ing panggonane Nabi Yokanan miwiti mbaptisi, banjur lereb ana ing kono.


Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.


Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane.


Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman.


Ewadene ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengane, awit wedi marang wong Yahudi.


Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan