Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 11:53 - Kitab Sutji

53 Wiwit ing dina iku para warganing pradata mau padha sarujuk bakal nyedani Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 11:53
22 Iomraidhean Croise  

Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf.


Iku nuli dakwelehake lan dakkandhani: “Yagene kowe padha nginep ing ngarepe balowarti. Manawa kowe tumindak mangkono maneh mesthi kowe padha dakcekel.” Wiwit nalika iku padha ora teka maneh ing dina Sabat.


Wiwit ing dina iku sabanjure balaku saperangan padha nglakoni pagawean, lan saperangan padha sikep tumbak, tameng tuwin panah, sarta nganggo klambi kere, dene para panggedhe ana ing samburining golongane wong Yehuda,


Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna, ing saiki lan ing salawase.


Para raja ing bumi padha siyaga ing perang lan para panggedhe sakuthon arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:


Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah, kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.


Awit kawula dipun raosi dening para satru kawula, tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula sami sekuthon,


Atur wangsulane Nabi Yeremia marang Sang Prabu Zedhekia: “Saupami kawula ngaturaken dhateng panjenengan dalem, panjenengan dalem rak badhe mejahi kawula, ta? Saha manawi kawula ngaturi rembag panjenengan dalem mesthi boten kadhahar!”


Para panggedhe mau nuli padha munjuk marang Sang Prabu: “Saenipun tiyang punika dipun pejahi! Ujer sarana ngucap makaten punika piyambakipun nglemesaken semangatipun para prajurit, ingkang taksih manggen wonten ing kitha ngriki, punapadene semangatipun rakyat sadaya. Sayektos, tiyang punika boten ngudi dhateng karaharjaning bangsa, nanging cilakanipun.”


Wong-wong Farisi banjur padha metu sarta ngrantam bab anggone bakal nyedani Gusti Yesus.


Wiwit nalika iku Gusti Yesus wiwit paring pitedah marang para sakabate, yen Panjenengane kudu tindak menyang Yerusalem, lan bakal nandhang kasangsaran pirang-pirang marga saka panggawene para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Toret sarta banjur disedani, lan ing telung dinane kawungokake.


Ora ana siji bae kang bisa ngaturi wangsulan, sarta wiwit nalika iku ora ana wong siji bae kang wani ngaturake pitakonan marang Panjenengane.


apirembugan bab anggone arep nyepeng Gusti Yesus kanthi paekan lan nyedani Panjenengane.


Para pangareping imam, malah sapepake pradata padha golek seksi palsu kang nglawan Gusti Yesus, supaya Panjenengane bisa kapatrapan paukuman pati,


Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan bisane nyekel lan nyedani Gusti Yesus kalawan paekan


Para wong Farisi padha metu lan banjur sakuthon karo wong Herodhiani sumedya nyedani Panjenengane.


Para pangarepe imam lan para wong Farisi tumuli padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkene: “Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah?


Para pangarepe imam tumuli padha pirembugan, sumedya mateni Lazarus pisan,


Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane.


Mireng atur mangkono iku, kabeh padha rumangsa kecocog panggalihe sarta banjur padha ngangkah nyedani para rasul.


Bareng wis sawatara dina wong Yahudi padha ngrantam arep mateni Saulus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan