Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 11:51 - Kitab Sutji

51 Anadene pangandika kang mangkono iku ora tumuwuh saka panggalihe piyambak, nanging marga jumeneng imam agung ing taun iku, dadine medhar pameca, yen Gusti Yesus bakal nglampahi seda kanggo bangsa iku,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 11:51
23 Iomraidhean Croise  

Lan ana ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku sira pasangana Urim lan Tumim, ana ing sadhuwure jantunge Harun samangsa lumebu seba ing ngarsaning Yehuwah; mangkono Harun anggone tansah ngemban karampungane keputusan tumrap wong Israel, ana ing sadhuwure atine ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.


Sawuse sawidak loro kaping pitung mangsa iku, kang wus jinebadan mau bakal kasingkirake, mangka ora ana kaluputane apa-apa. Kutha lan pasucen bakal kasirnakake dening balaning sawijine ratu kang bakal teka, nanging ratu mau bakal tiwas kabanjiran; sarta maneh ngnati tekan ing wekasaning jaman bakal ana peperangan lan karusakan, cundhuk karo apa kang wus katetepake.


Kuldine tumuli kabuka cangkeme dening Sang Yehuwah, nganti bisa ngucap marang Bileam: “Kalepatan kula punapa dhateng panjenengan, dene ngantos panjenengan gebagi rambah kaping tiga punika?”


Bareng Bileam mandeng mangarep lan weruh bangsa Israel anggone lereb taler-teleran, banjur katedhakan ing Rohe Gusti Allah.


Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”


kayadene Sang Rama anggone tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggo wedhus-wedhusKu.


Nanging sawijining panunggalane, iya iku kang asma Kayafas, kang jumeneng imam agung ing taun iku, banjur ngandika: “Panjenengan kok sami boten mangretos punapa-punapa,


banjur kadhabyang kajujugake dhisik menyang daleme Sang Hanas, awit iku marasepuhe Sang Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun kang lumaku iki;


Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit, lan sumurup ing sakehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,


Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.


Bareng Sang Dawud mirsa, yen Sang Prabu Saul kagungan kersa ngarah bilaine, ngandika marang Imam Abyatar: “Efod iku prenekna!”


Lan Sang Prabu Saul neges marang Sang Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora paring wangsulan, apa srana impen utawa Urim apa lantaran para nabi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan