50 lan boten sami nggalih bilih langkung maedahi tumrap panjenengan, manawi wonten tiyang satunggal pejah kangge tiyang kathah, tinimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas.”
Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.
Manawi makaten punika dipun uja, mesthi sadaya tiyang sami pitados dhateng Piyambakipun, sarta kita lajeng sami kalurugan tiyang Rum sami ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita pisan.”
Wiwit nalika iku Sang Pilatus ngangkah ngluwari marang panjenengane, nanging wong-wong Yahudi padha mbengok: “Manawi panjenengan ngluwari tiyang punika ateges panjenengan sanes mitranipun Sang Nata Agung, sinten ingkang ngaken-aken dados ratu, ateges mbalila dhateng Sang Nata Agung.”
Rak iya ora bener, ta, panacade wong kang kandha, yen kita padha duwe ujar mangkene: “Payo kita padha nglakoni panggawe ala supaya bisaa thukul kang becik saka ing kono. Wong kang kaya mangkono iku wis samesthine tampa paukuman.