48 Manawi makaten punika dipun uja, mesthi sadaya tiyang sami pitados dhateng Piyambakipun, sarta kita lajeng sami kalurugan tiyang Rum sami ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita pisan.”
“Anadene manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandika kang kadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel – sing sapa maca migatekna –
Bilai kowe, heh, para ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh; kowe dhewe ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi.”
Kang tumiba ing pinggir dalan iku wong kang wis padha krungu, banjur diparani Iblis, pangandika mau tumuli diilangi saka ing sajroning atine, supaya aja padha pracaya lan kapitulungan rahayu.
pangandikane: “Kowe rak wis padha dakwanti-wanti aja memulang atas Jeneng kuwi? Nanging nyatane, kutha Yerusalem wis kokkebaki piwulangmu, lan kowe sumedya nekakake walate getihe Wong iku marang aku.”