YOKANAN 11:47 - Kitab Sutji47 Para pangarepe imam lan para wong Farisi tumuli padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkene: “Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah? Faic an caibideil |
Para rasul padha mbangun miturut marang piweling mau sarta bareng bangun esuk, padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjur wiwit memulang ana ing kono. Nalika samana Imam Agung lan para pandhereke dhawuh marang Pradata Agama supaya marepat, yaiku pakumpulane para pinituwaning bangsa Israel, sarta banjur dhawuh marani para rasul menyang ing pakunjaran.