44 Kang mati banjur metu, tangan lan sikile isih kablebed ing ules, lan raine katutupan ing kacu. Pangandikane Gusti Yesus: “Uculana ulese, kareben lunga!”
Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati, utawa Suntebus saka ing pati? Heh pati, ana ing ngendi pageblugira, he jagade wong mati, ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak? Ing paningalingSun ora ana kawelasan.
Pangandikane Gusti Yesus: “Watune singkirna!” Marta, sadulure kang ngajal mau, munjuk: “Gusti, sampun mambet, amargi anggenipun pejah sampun sakawan dinten.”
Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.
kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenenane.
lan Kang Gesang, Ingsun wus seda, nanging wruhanira, Ingsun gesang nganti salawas-lawase apa maneh Ingsun ngasta sakabehing kuncine pati lan kratone pati.