Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 11:40 - Kitab Sutji

40 Pangandikane Gusti Yesus: “Apa Aku ora wus tutur marang kowe: Angger kowe pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 11:40
15 Iomraidhean Croise  

Esuke uthuk-uthuk wus padha lumebu menyang ing pasamunan ing Tekoa. Nalika arep padha mangkat, Sang Prabu Yosafat jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, he Yehuda lan wong Yerusalem! Sira padha pracayaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, lan sira bakal padha tetep santosa! Padha pracayaa marang para nabine lan sira bakal padha oleh gawe!”


Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka; daging kawula kangen dhumateng Paduka; kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya.


Pakaryan Paduka mugi sageda tiningalan dening para abdi Paduka, saha kamulyan Paduka dening anak-anakipun.


Lan sesuk kowe bakal padha weruh kaluhuraning Pangeran Yehuwah, marga panggrundelmu wus dipirsani. Sabab aku iki apa, dene kowe padha nggrundeli marang aku?”


Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemene pituturKu marang kowe: Saupama kowe duwe pangandel sawiji sawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kene mrana. Gununge iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowe.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kandhamu: Manawi Panjenengan saged. Ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”


Bab iki dipangandikakake dening Nabi Yesaya marga wus ningali kamulyane sarta wus mangandikakake bab Panjenengane.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.


Dadi kita wus padha ndherek kakubur kalawan Panjenengane, sarana baptis ing pati mau, supaya padha kayadene Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati dening kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.


Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan