Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 11:39 - Kitab Sutji

39 Pangandikane Gusti Yesus: “Watune singkirna!” Marta, sadulure kang ngajal mau, munjuk: “Gusti, sampun mambet, amargi anggenipun pejah sampun sakawan dinten.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 11:39
11 Iomraidhean Croise  

“Kula punika tiyang ngamanca saha neneka wonten ing antawis panjenengan, keparenga kula nggadhahi pakuburan pamijen wonten ing tanah panjenengan punika, supados kula saged ngeteraken lan ngubur semah kula, ingkang tilar donya punika.”


Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu maneh.”


Kaya mangkono iku kaanane wong kang ngendelake awake dhewe, sarta patine wong kang seneng marang tembunge dhewe. (Selah)


wong-wong kang padha ngendel-endelake raja-branane, lan umuk marga saka kehing bandhane?


Amarga kelarangen regane pangluwaraning nyawane, lan ora nyukupi ing salawase,


Banjur padha sapocapan mangkene: “Sapa sing bakal nulungi ngglundhungake watune saka ing lawangane pasarean?”


Sarawuhe Gusti Yesus, Lazarus tinemu wus dikubur patang dina.


Awit Sang Prabu Dawud nglampahi karsaning Allah nalika ing jamanipun, lajeng seda saha kasarekaken nunggil kaliyan para leluhuripun, punapadene pancen kaulungaken dhateng ing karisakan.


amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng jagadipun tiyang pejah, sarta boten negakaken Abdi Paduka ingkang suci ngalami risak.


Tumrap kang nemu karusakan, aku kabeh iki gandaning pati kang tumeka ing pati, lan tumrap kang nemu karahayon gandaning urip kang nguripake. Nanging sapa ta kang kaconggah nglakoni ayahan kang kaya mangkono iku?


kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenenane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan