Sira duwe kapreluan apa, lan duwe gegayutan karo sapa ana ing kene, dene sira kok ndhudhuk kuburan kanggo kowe ana ing kene, he kang ndhudhuk kuburane ing panggonan kang dhuwur, kang natah panggonane ing gunung parang?
Anadene sira anaking manungsa, sesambata! Sira sesambata ana ing ngarepe wong-wong mau kaya wong kang tugel bangkekane lan kang ana ing sajroning kasangsaran kang pait.
sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”
banjur kasarekake ing pakuburane dhewe kang anyar, kang digawe ing sajroning gumuk karang, lan sawise ngglundhungake watu gedhe ing lawanging pasarean mau, nuli mulih.
Yusuf nuli tuku mori alus, layone Gusti Yesus banjur diudhunake, sarta diulesi mori mau. Sawise mangkono layon nuli disarekake ing kubur tatahan ing parang. Lawangane kubur banjur ditutupi watu kang diglundhungake mrono.
Sajroning panggalih Gusti Yesus ngesah, banjur ngandika: “Yagene jinis iki kok njaluk pratandha? Aku pitutur marang kowe, satemene jinis iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha.”
Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika:
Ing dina kapisan ing Minggu iku esuk umun-umun, nalika isih peteng, Maryam Magdalena menyang pasarean lan dheweke weruh manawa watu tutupe guwa wus kasingkirake saka ing pasarean.