Sang Kristus, ratune Israel iku cikben mudhun saka ing salib, supaya aku bisa ndeleng lan pracaya.” Dalasan wong loro kang kasalib bareng karo Panjenengane iku iya memada marang Panjenengane.
Wong akeh padha ngadeg nonton. Para panggedhe padha nyenyampahi Panjenengane, pangucape: “Wong-wong liya padha dipitulungi, cikben saiki mitulungi Awake dhewe, manawa pancen Sang Kristus, Pilihane Gusti Allah!”
Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Gusti Yesus, pangucape: “Apa Kowe dudu Sang Kristus? Mara, tulungana Awakmu dhewe lan aku kabeh.”
Satekane Maryam ing panggonane Gusti Yesus, bareng weruh marang Panjenengane, banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk: “Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten saestu pejah.”