Sang Yusuf dumadakan nilar papan kono, marga panggalihe ngeres lan karanta-ranta saka kangene marang kang rayi, banjur golek papan kanggo muwun, tumuli lumebet ing kamar, muwun ana ing kono.
Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.
ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.
Manawa kowe padha lumuh ngrungokake, aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu, luhku bakal kembeng-kembeng, malah nganti crocosan, jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwah digiring dadi boyongan.
Kandhakna tembung iki marang wong-wong iku: “Luhku crocosan rina-wengi tanpa kendhat, awit kenya, putrining bangsaku, kataton banget, tatune ora bisa ditambani babar pisan.
Marga saka iku aku nangis, mripatku ngetokake luh carocosan, awitdene juru panglipur kang bisa nglejarake atiku wus adoh; anak-anakku padha bingung, marga si satru rosa banget.”
Gusti Yesus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokake pangandikane, sabab tindake wis cedhak kutha Yerusalem sarta panyanane wong-wong mau yen Kratoning Allah bakal enggal kababar.
Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika:
Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.