Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana ing kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.
Pangandikane Gusti Yesus: “Ayo, kowe bakal padha weruh!” Tumuli padha mara lan weruh marang pakendelane, sarta ing dina iku banjur padha tetunggalan karo Panjenengane, dene mungguh wayahe iku watara jan papat.
Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika:
Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”