31 Bareng wong-wong Yahudi kang padha ana ing omah karo Maryam prelu nglipur weruh Maryam mak nyat ngadeg sarta metu, tumuli padha ngetutake, dikira yen Maryam arep menyang kuburan, nanging ana ing kono.
Para putrane kakung lan putri padha sumedya nglipur, nanging ora kersa dilipur, pangandikane: “Ora! Aku tetep sedhih, nganti aku wus mudhun nusul anakku menyang ing teleng palimengan.” Mangkono Rama Yakub anggone muwuni Yusuf putrane.
Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika: