29 Maryam bareng krungu banjur mak nyat ngadeg marani Gusti Yesus.
Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.” Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.
Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair, lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog.
Wesi nglandhepake wesi, wong nglandhepake pepadhane.
Sawuse munjuk mangkono, Marta banjur mundur ngundang Maryam sadulure, lan mbisiki mangkene: “Guru wus rawuh, nimbali kowe.”
Nalika iku Gusti Yesus durung lumebet ing desa, isih ana ing papan nalika Marta methuk mau.