Ing dina iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sira padha gentenan ngajak lelungguhan ana ing ayome wit anggur lan sangisore wit anjir.”
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyanga kutha, menyanga enggone si Anu lan kandhaa: Dhawuhipun Guru: WektuKu wis cedhak, Aku arep mahargya Paskah karo para sakabatKu ana ing omahmu.”
Gusti Yesus tindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” Wong picak mau banjur diparani wong akeh lan dikandhani: “Wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.”
lan kandhaa marang wong kang duwe omah, kang dileboni wong mau: Piwelingipun Guru: Endi kamar kang dicawisake, kang bakal Dakanggo dhahar Paskah karo para sakabatKu?
lan matura marang kang duwe omah iku: Sang Guru ndangu dhateng panjenengan: Endi kamare, sing kena Dakanggo mangan Paskah bebarengan karo para sakabatKu?
Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”
Iku kang diwengani dening kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse padha nilingake swarane lan dheweke tumuli ngundangi wedhus-wedhuse manut jenenge dhewe-dhewe sarta banjur digiring metu.
Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara.