Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
banjur ngutus sakabate ndikakake munjuk marang Panjenengane mangkene: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?”
lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”
Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”
Sakarone padha nglajengake tindake, nuli rawuh ing papan kang ana banyune. Priyagung mau banjur ngandika: “Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?”
Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.”
Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.
Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.