Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih, mayitipun sami badhe tangi malih. He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka! Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.
Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.
Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.
Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba manawa digendeng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman.
Margi saking makaten punika, dados panjenengan nyedani Panjenenganipun ingkang dados Panuntuning gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun.
iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” – ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.
Yen ora mangkono, apa paedahe nglakoni kabaptis marga saka wong mati? Manawa babar pisan ora ana wong mati katangekake, sabab apa dene padha gelem kabaptis marga saka wong mati iku?
Awit aku padha sumurup manawa Panjenengane kang wus mungokake Gusti Yesus, iya bakal nangekake aku uga bareng karo Gusti Yesus. Lan bebarengan karo kowe kabeh kasowanake ing ngarsane.
Kang dakkarepake yaiku wanuh marang Panjenengane lan dayane wungune lan manunggil ing sajrone sangsarane, temahan aku dadi madha rupa lan Panjenengane ana ing sedane,
Amarga yen kita pracaya, manawa Gusti Yesus wus seda lan wus kawungokake, kita iya pracaya, yen wong-wong kang wus ngajal ana ing Gusti Yesus iku bakal padha diklumpukake dening Gusti Allah bebarengan karo Panjenengane.
lan Kang Gesang, Ingsun wus seda, nanging wruhanira, Ingsun gesang nganti salawas-lawase apa maneh Ingsun ngasta sakabehing kuncine pati lan kratone pati.
Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”
Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.