Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.
Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih, mayitipun sami badhe tangi malih. He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka! Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.
Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati, utawa Suntebus saka ing pati? Heh pati, ana ing ngendi pageblugira, he jagade wong mati, ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak? Ing paningalingSun ora ana kawelasan.
Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”
Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning jaman.
Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”
Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, sami ugi kaliyan tiyang-tiyang punika, bilih badhe wonten patangenipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.
Para ibu nampani maneh wong-wonge sing wis mati, jalaran padha ditangekake. Nanging wong-wong liyane padha milaur dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya padha tampa patangen kang luwih becik.