Para sadulur ing kono wis padha krungu warta bab tekaku kabeh, banjur padha methuk nganti tekan ing papan kang aran Forum Apius lan ing Tres Taberne. Bareng Rasul Paulus mirsani para sadulur mau, banjur ngunjukake panuwun marang Gusti Allah sarta iku ndadekake santosaning panggalihe.
Sawise mangkono kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo kang mentas tangi mau ana ing mega, methukake Gusti menyang ing awang-awang. Mangkono sabanjure kita bakal nunggal kalawan Gusti ing salawase.