YOKANAN 11:19 - Kitab Sutji19 Anadene wong Yahudi wus akeh kang padha teka ing omahe Marta lan Maryam prelu nglipur anggone kesripahan sadulure. Faic an caibideil |
Sang Prabu Dawud nuli ngandika: “Ingsun bakal memitran karo Prabu Hanun bin Nahas, padha kaya ramane kang wus memitran karo ingsun.” Mulane Prabu Dawud banjur utusan ngaturake belasungkawa lumantar para punggawane marga saka sedane ramane. Nanging bareng para punggawane Prabu Dawud tekan ing ngarsane bani Amon,
Nalika iku Ayub katuwenan dening sakehe sadulure lanang wadon apadene kawanuhane kabeh, padha kembul mangan karo Ayub ana ing omahe kambi nglairake belasungkawa lan aweh panglipur ing bab anggone mentas kaganjar kasangsaran dening Pangeran Yehuwah, apadene siji-sijine padha menehi dhuwit sakesitah karo ali-ali emas siji.
Paduka mugi karsaa midhangetaken, kadospundi anggen kawula sesambat, mangka boten wonten ingkang nglipur kawula, mengsah-mengsah kawula sami mireng bab kasangsaran kawula, lajeng sami bingah, awit Paduka ingkang ndhatengaken punika! Dinten ingkang sampun Paduka undhangaken punika mugi kadhatengna, saha mengsah-mengsah wau mugi sami dadosa kados kawula!