15 Nanging sokur dene nalika iku Aku ora ana ing kana, kang mangkono iku luwih becik tumrap kowe, supaya kowe padha bisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padha marani dheweke.”
Ing bengi iku banjur diketingali dening Sang Yehuwah sarta dipangandikani: “Ingsun iki Allahe bapakira Abraham, sira aja wedi, marga Ingsun nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, turunira bakal Suntangkar-tangkarake, marga saka Abraham abdiningsun.”
Mangka wiwit nalika maringi pangwasa marang Yusuf mengku dalem lan sakabehe barang kagungane mau, Sang Yehuwah mberkahi daleme wong Mesir iku, sabab saka Yusuf, satemah berkahe Sang Yehuwah iku nyrambahi ing sabarang kagungane kabeh, dadia kang ana ing dalem, dadia kang ana ing pategalan.
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune: iku aja dirusak, sabab ing jerone isih ana berkahe! mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun, yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake.
Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”
Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.
Awit iku kabeh kalakone marga saka kowe, supaya sih-rahmat kang sangsaya mundhak gedhe, marga sangsaya akehe wong kang manjing pracaya, ndadekna sangsaya lubere pangucap sokur kang konjuk ing kaluhuraning Allah.
Mulane aku nglakoni iku kabeh kalawan sabar kanggo para pepilihane Gusti Allah, supaya iku iya padha oleh karahayon ana ing Sang Kristus Yesus kalawan kamulyan kang langgeng.
Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.