12 Para sakabate banjur munjuk: “Gusti, manawi piyambakipun tilem, badhe saras.”
banjur ngandika: “Wis, padha sumingkira; bocahe ora mati, mung lagi turu.” Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengane.
Mangkono pangandikane, tumuli disambeti maneh: “Lazarus sadulur kita lagi turu, anggonKu mrana prelu arep nggugah anggone turu.”
Nanging karsane Gusti Yesus turu kang ateges mati. Dene panyanane para sakabat kang kapangandikakake turu iku turu temenan.