Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 11:11 - Kitab Sutji

11 Mangkono pangandikane, tumuli disambeti maneh: “Lazarus sadulur kita lagi turu, anggonKu mrana prelu arep nggugah anggone turu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 11:11
25 Iomraidhean Croise  

Anadene Gehazi wus mangkat ndhisiki sekarone lan wus numpangake tekene ing dhuwure bocahe, nanging ora ana swara lan ora ana tandha-tandhane yen urip. Nuli bali methukake Nabi Elisa sarta nyaosi uninga, ature: “Larenipun boten tangi!”


Punapa Paduka sanes Gusti Allah kawula sadaya ingkang nundhungi para tiyang ingkang sami manggen ing tanah ngriki saking ing ngajenging umat Paduka Israel saha lajeng maringaken tanah wau dhateng tedhakipun Eyang Abraham mitra Paduka, kangge ing salami-laminipun?


Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane; sawuse mangkono Nabi Musa tumuli bali menyang ing palereban maneh, nanging abdine, Yusak bin Nun wong nom-noman iku ora lunga saka ing tarub.


Nanging sira, he Israel, abdiningSun, he Yakub, kang wus Sunpilih, turune Abraham, mitraningSun;


Sarta wong-wong kang wus padha turu ana ing lebuning bumi, akeh kang padha tangi, ana kang banjur kaganjar urip langgeng, ana kang ngrasakake kanisthan lan pagiris kang langgeng.


apadene kuburan-kuburan padha menga, lan akeh wong suci kang wis padha mati, padha urip maneh.


banjur ngandika: “Wis, padha sumingkira; bocahe ora mati, mung lagi turu.” Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengane.


Bareng Gusti Yesus lumebet banjur ngandika marang wong-wong mau: “Yagene kowe padha ribut lan nangis? Bocahe ora mati, lagi turu.”


Nanging manawa wong lumaku ing wayah bengi, mesthi kesandhung, amarga ora kadunungan padhang.”


Para sakabate banjur munjuk: “Gusti, manawi piyambakipun tilem, badhe saras.”


Nanging karsane Gusti Yesus turu kang ateges mati. Dene panyanane para sakabat kang kapangandikakake turu iku turu temenan.


Anadene Lazarus kang lagi lara iku sadulure. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Gusti Yesus, mangkene: “Gusti, tiyang ingkang Paduka tresnani punika sakit.”


Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan.


Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.


Apadene mungguh para wong kang wus padha mati ana ing Sang Kristus, dadine iya padha nemahi tiwas.


Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.


Padha gatekna, aku nglairake sawijining wewadi marang kowe: kita bakal padha ora ngalami mati kabeh, nanging kita kabeh bakal padha malih rupa,


Awit saka iku ana kang muni, “Meleka, he kowe kang turu lan tangia saka antarane wong mati, temahan Sang Kristus bakal madhangi kowe.”


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira bakal ngaso awor karo para leluhurira, dene bangsa iki bakal laku bedhang kanthi ngetut-buri allahe bangsa liya kang ana ing nagara, kang bakal dileboni; ana ing kono bakal padha ngungkurake Ingsun lan nyelaki prasetyaningSun kang wus Suntetepake karo wong-wong iku.


kang wus seda kanggo kita, supaya kita dadia melek, dadia turu, padha ndherek urip kalawan Panjenengane.


Temah kayektenan nas kang surasane mangkene: “Anadene Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah, mangka iya iku kang kaetung dadi kasampurnane.” Amarga saka iku Rama Abraham kasebut: “Mitrane Gusti Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan