awit Panjenengane iku Gusti Allah kita, kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane. Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane!
Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.
Nganti kaya wedhus-wedhus kurban suci lan kayadene wedhus-wedhus ing Yerusalem ing dina-dina gedhe, iya kaya mangkono iku dadine kutha-kutha kang maune wus rusak, banjur kebak wong nganti kaya samodra. Marga saka mangkono wong-wong banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”
Iku kang diwengani dening kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse padha nilingake swarane lan dheweke tumuli ngundangi wedhus-wedhuse manut jenenge dhewe-dhewe sarta banjur digiring metu.
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.