Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 10:8 - Kitab Sutji

8 Sakehe wong kang tekane sadurunge Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku ora padha ngrungokake marang wong-wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 10:8
11 Iomraidhean Croise  

“Bilai para pangon kang ngetogake bae wedhus-wedhus ngonngonaningSun padha ilang lan buyar!” – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


“He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan para pangone Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku, marang pangon-pangon iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para pangone Israel, kang ngengon awake dhewe! Kudune rak wedhus-wedhuse kang diengon dening para pangon iku?


Para pangarep ing satengahe iku singa kang nggero; para hakime iku asu ajag ing wayah bengi, kang ora ngengehake apa-apa tumeka esuke.


Marga lah Ingsun bakal ngadegake pangon ana ing nagara kene, kang ora ngeman sabarang kang ilang, ora nggoleki kang ketriwal, ora nambani kang ketaton, ora ngopeni kang waras, malah kang lemu-lemu dipangan daginge, lan njabuti tracake.


“Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sapa kang mlebu ing kandhang wedhus ora metu ing lawang, nanging menek ing tembok, iku maling utawa rampog;


Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku,


Nanging wong liya mesthi ora ditutburi, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora wanuh marang swarane wong-wong liyane.”


Amargi kala rumiyin sampun muncul pun Teudas, ingkang ngaken tiyang linangkung saha ingkang gadhah bala kirang langkung tiyang kawan atus; nanging piyambakipun lajeng dipun pejahi, para panganutipun sadaya sami buyar saha sirna.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan