Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 10:7 - Kitab Sutji

7 Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 10:7
12 Iomraidhean Croise  

Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.


Kawula sadaya punika, umat Paduka, inggih pepanthan menda ngen-ngenan Paduka, badhe lajeng sami ngaturaken panuwun dhumateng Paduka ing salaminipun, saha pepujian ingkang tumuju dhumateng Paduka badhe sami kawula wartosaken ngantos turun-tumurun.


awit Panjenengane iku Gusti Allah kita, kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane. Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane!


Kita padha nglambrang kayya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.


Sira kabeh iku padha dadi wedhusingSun, wedhus kang padha Sunengen lan Ingsun iki Allahira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Nganti kaya wedhus-wedhus kurban suci lan kayadene wedhus-wedhus ing Yerusalem ing dina-dina gedhe, iya kaya mangkono iku dadine kutha-kutha kang maune wus rusak, banjur kebak wong nganti kaya samodra. Marga saka mangkono wong-wong banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


“Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sapa kang mlebu ing kandhang wedhus ora metu ing lawang, nanging menek ing tembok, iku maling utawa rampog;


Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


awit iya marga saka Panjenengane iku kita sakarone ana ing Roh siji padha oleh dalan marang ing ngarsane Sang Rama.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan