Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir, sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka, sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka, malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur, wonten ing pinggiripun seganten Teberau.
asu-asu kang srakah, kang ora tau krasa wareg. Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon, kang padha ora bisa neniteni! Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh, siji-sijine padha mburu kauntungan, ora ana kang ora mangkono.
Akeh wong kang bakal kasucekake lan diresiki sarta diuji, nanging para wong duraka bakal tumindak duraka; wong duraka iku ora ana siji-sijia kang bakal mengreti, nanging para wong wicaksana bakal mangreti.
PituturKu marang kowe iku mau kabeh adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama.
Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.
Kaanane wong-wong iku nocogi unine paribasan kang bener mangkene: “Asu mbaleni utah-utahane, sarta babi kang wis adus bali maneh menyang ing pagupakane.”
Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.