YOKANAN 10:4 - Kitab Sutji4 Manawa wedhuse iku wus diwetokake kabeh, dheweke lumaku ing ngarep lan wedhuse padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau niteni swarane. Faic an caibideil |
Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”
Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.