Sawuse lelakon mau banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram sajroning tetingalan wahyu, dhawuhe: “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe.”
Rak mangkene pangandikaning Pangeran Yehuwah kang kaparingake marang Sang Prabu Yehu: “Anak-anakira bakal nglungguhi dhamparing Israel nganti turun kang kaping papat!” Lan iya banjur kelakon mangkono.
nanging nuli ana pangandikaning Pangeran Yehuwah marang ingsun mangkene: Sira wus ngwutahake getih akeh banget lan wus nglakoni perang gedhe. Mulane sira aja ngedegake padaleman kagem asmaningSun, amarga wus akeh getih kang sira wutahake ing lemah ana ing ngarsaningSun.
Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.
Awit satemene pituturKu marang kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.
kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagad, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah?
Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika – supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci –: “Aku ngelak!”
“He, para sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairake dening Sang Roh Suci lumantar Sang Prabu Dawud, iku kudu kayektenan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus.
Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.
Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarane para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe, yaiku kang kudu kokestokake.
Nabi Samuel matur marang Sang Prabu Saul: “Kawula sampun dipun utus dening Sang Yehuwah njebadi panjenengan dalem dados ratu ngereh Israel umatipun; milanipun mugi karsaa miyarsakaken dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah.
Sang Dawud banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mbujeng grombolan punika? Punapa kawula saged nututi?” Lan Panjenengane ngandika marang Sang Dawud: “Burunen, awit sira mesthi bakal bisa nututi wong-wong iku lan ngluwari para kang padha katawan.”